Nasehat Kyai Rekaman Tausiah Tokoh

Khutbah Idul Fitri Masjid Jami Buntet Pesantren 1436 H

KH. Adib Rofi’uddin Izza

Di bawah ini adalah “inti” khutbah idul fitri yang disampaikan oleh Kiai Adib Rofiuddin Izza

Amma ba’du
Dumateng jamaah ingkang minulyo
Alhamdulillah, kelawan berkah saking arsyane Allah SWT
Dateng enjing meniko, dateng dinten meniko Kula panjenengan sami taksih disukani berkah ingkang agung saking  arsyane Allah SWT keranten dinten meniko kula panjenengan sami saged menangi malih, kepanggih malih dateng setunggalipun dinten ingkang dipun dimuliaken lan dipun agungaken inggih puniko yaumul idul fitri.

Sampun ma’lum, yen Idul fitri niku salah setunggalipun dinten ingkang dipunagungaken dipunmulyakaken, Saking agung lan mulyane yauma idil fitri, Allah SWT merintahaken sedanten malaikat kang wonten teng langit ken mudun dateng dunia sedanten kangge hormati lan mulyaaken umat kanjeng Nabi Muhammad SWT ingkang sampun pungkas ngelampahi puasa selama sesasih penuh. Lan amalan ingkah paling saeh, ugi sampun ma’lum kelawan Ngatah-ngatahaken takbir, tahmid dateng arsyane Allah SWT. Lan mboten kalah pentinge, saking takbir lan tahmid dateng Allah SWT, dinten idul fitri ugi dintenipun maaf-maafan saling pangapura antar umat manusia khususipun umat islam lan ummata rosulullah SAW.

Dateng setunggalipun hadits qudsi, Nabiyallah Musa AS matur dateng arsyane Allah SWT
“Yaa Allah, sinten hamba panjenengan ingkang paling mulya kang wonten dateng saduwure bumi?”
Allah SWT dawuh kelawan singkat الذي قدر عفی(yaiku) tiang kang sanggup ngapura dateng dosa-dosanipun tiang sanes senejan tiang sanes niku dzolimi dateng tiang wau.

Hadits lintun saking Allah SWT, ingkang dipun turunaken dateng Rasulullah SAW
“Wonten tigang perkawis ingkang wonten dateng awake menusa sedanten, yen menusa niki saged ngelampahi tiga perkawis angsal jaminan lan perlindungan saking Allah SWT ugi angsal rahmate Allah SWT lan bade dipunlebetaken dateng suwargane Allah SWT.”

Tigang tiang wau sing pertama, ذا عطي شكر, sintene mawon tiang sing dipun sukani rezeki, dipun sukani kenikmatan dateng arsyane Allah SWT, maka tiang niku ngelampahi syukuran dateng arsyane Allah SWT, lan syukuran ingkang paling ageng inggih puniko syukuran kula sampean kabeh dateng idul fitri, sasampune kula panjenengan sami ngelampahii puasa selami tigangdasa dinten atanapi sangalikur dinten, dinten niki kula nganaaken syukuran ingkang luar biasa, syukuran dateng arsyane Allah SWT niku wonten tiga

Syukuran ingkang pertama, yen tiang niku angsal kenikmatan assyukru billisan kelawan ngucapaken Alhamdulillahirrobil ‘alaamin

Ingkang nomer kalih, assyukru bilqolb, syukuran kang wonten dalem ati artose Ningkataken amaliah-amaliah ingkang saeh, ningkataken kualitas ibadah lan to’at dateng Allah SWT.

Ingkang nomer tiga, assyukru bil af’al, syukur kelawan perbuatan, yen tiang niku angsal rezeki saking arsyane Allah SWT, umpamane 100ewu, paling mboten 5ewu dinakaken ning wong sejen
Dawuhe Allah SWT dateng Nabiyallah Ibrahim AS, salam datang syukurane Nabiyallah Ibrahim. . . .
شَاكِرًا لِأَنْعُمِهِ اجْتَبَاهُ وَهَدَاهُ إِلَى صِرَاطٍ مُسْتَقِيمٍ  (QS. An Nahl: 121)
Nabi Ibrahim iku terkenal kelawan laqob, kelawan julukan Abu Dhoifan bapane tamu. Setiap Nabi Ibrahim bade dahar mesti ngilati tamu rumiyin, nyuguh-nyuguhi, diberkahi dateng tamunipun merupakan bentuk syukuran saking Nabiyallah Ibrahim AS.

Yen kula sampean kabeh angsal rezeki saking arsyane Allah SWT upamane 50ewu paling mboten 2500 dipun nakakaken dateng tiang sejen
Dawuhe Rasululullah SAW, “man lam yaskurin nas, lam yasykur lillah”, sapane wong sing bersyukur dateng menusa niku tandane wong syukur dateng arsyane Allah SWT.

Dados tiang kang angsal kenikmatan saking Allah SWT mboten cukup kelawan ucapan Alhamdulillahi Robbil ‘aalamiin, Al qur’an dawuhaken “fa amma bini’mati robbika fahaddits”, yen sampean kabeh olih kenikmatan saking Gusti Allah SWT, cerita ning wong sejen maksude kongkon cerita iku nyambir blenak, isin, sawise cerita toli ngupaih ning wong sejen, aja padu ceritae bae. Lah niki sing arane assyukru bil af’al.

Yen tiang niku ngelakoni assyukru bil lisan, assyukru bil qolb, assyukru bil af’al, sempurna perilaku syukuran dateng arsyane Allah SWT, “ . . . wa idzaa utiya syakaro . . .” niki jaminane angsal rohmat lan suwargane Allah SWT

Ingkang nomer kalih, و اذا قدر غفر nalika kula sampean kabeh niki mampu saged nyukani pangapunten, nyukani maaf dateng tiang sanes padahal kula sampean kabeh niki saged mboten nyukani maaf. Tiang kang mampu, tiang kang kuasa, tiang kang dzolimi dateng kula sampean kabeh tapi kula kabeh ngapura, iki ugi nomer kalih bakal angsal jaminan saking Allah SWT

Ingkang nomer tiga, و اذا غضب فتر mampu nahan emosi, mampu nahan nyewot, mboten diumbar nafsune, mboten diumbar nyewote, nyewot billisan, bil af’al, atau bilqolb saged dipun tahan, yen saged nahan tiga-tigae niki jaminane Allah SWT dawuhe kanjeng nabi “.. . wa nashoro alaihi rohmatahu, wa adkholahu jannatahu”, insya Allah kula sampean kabeh keranten yauma idil fitri saged ngelampahi tigang perkawis wau lan mugi-mugi kula sampean kabeh kelawan saged ngelampahi tigang perkawis wau angsal rohmate Allah lan angsal jaminan suwargae Allah SWT. Aamiin, yaa Robbal ‘aalaamiin.