Bahasa Dewek Hikmah peristiwa

Bal-balan ning Buntet

Bal-balan, sapa sih wong buntet sing beli kenal dolanan atawa olahraga kie. Bahkan bisa dianggep lamon bal-balan iku “menu wajib” sedina-dina. Kondisi mengkenen cukup didukung karo fasilitas bal-balan ning Buntet sing masih mencukupi, lapangan e ana pirang-pirang. Ana lapangan Bunen ning samping rel (Samrel), ana maning lapangan asem ning Buntet lor sing persisse ana ning samping sungai (samsung) , toli ana Blodog ning “Ujung” Kulon, ning latar masjid ana lapangan sing dikenal asbes atawa pondok, sampe teka ning pinggir makam kah ya ana lapangan kuh arane lapangan bata soale ning pinggir-pinggir e diwates bata, malahan lapangan sekolah gan dadi lapangan sing nyaman go bal-balan embuh pas jam istirahat, “nyolong-nyolong” waktu pas langka guru, atawa pas pelajaran Olahraga : pasti bae bocah lanang-lanang pada jaluke bal-balan. Ditambah maning sekie wis ana lapangan futsal “siji-siji”e sing cukup “terjangkau”, dadi kalangan ekonomi menengah-menduwur sih beli jarang milih lapangan kie sambir beli kepanasan, beli keudanan, beli nendang oyod, bolae beli nyeblung kali tah cemboran, lan kenyamanan-kenyamanan sejene (kie dudu lagi promosi ya).
Para Kiai Muda selepas bermain bola di Stadion Blodog
Toli lapangan-lapangan mau kah biasae wis didekki dadi kandange tim-tim sing ana ning Buntet. Tuan Kandang (T-Kad) ya ngaku Bunen kah kandang e, Albaz (Albasiyah) ngaku lapangan asem, Garesado atawa Persebar ning Blodog, Ankid (Anak Kidul) ning Lapangan Bata lan beli jarang kadang lapangane dianggep barengan karo tim-tim sejen kaya Glampok, Gand lan seliane.
Bal-balan ari lawane batur dewek atawa wong kue-kue bae ya bosen, ana kalane ngejak diddu (ngadu) karo tim-tim sejen, sisteme embuh sering e wis ngadopsi “Home-Away”. Bahkan sambir luwih rahat, sesekali dianaaken turnamen, kaya turnamen Kambing Cup, turnamen antar asrama, bahkan taun wingi ana turnamen antar lembaga-lembaga pendidikan. Toli ya arane dolanan angger bae ana sing kalah lan ana sing menang, ana sing sportif ana sing bulit, bagen jargon “my game is fair play” wis dadi aturan wajib ning dunia bal-balan tapi ya angger bae kadang ana tim sing main bulit atawa kasar, toli ari wis mengkonon tim lawane beli terima, dadi bae urusan, tapi ya tetep kaya pemain profesional bagen urusan ning lapangan, tapi ari peragat bal-balan e ya bebaturan maning.
Semono populer e bal-balan kah ya ana bae sing beli seneng lan ngelarang, sing ngelarang ya ana wong tua, Kiai, sampe tekang guru. Soale apa, ya bocah dolanan bal-balan embuh seringe klalen waktu, embuh waktu ngaji, waktu sholat, waktu belajar, durung maning resiko-resiko negatif kaya korengan, kecetit, abuh, keceklek,lan seliane, durung maning sawis e ana tragedi Aji Masaid, para rabi atawa anak kadang sok watir lamon laki atawa bapae bal-balan terlalu diporsir, ya nyong priben maning ari masalah umur kuh beli bisa bebodo. Namun beda wong ya tentu beda cara go ngebatasi, nyegah, sampe ngelarang anak, santri, atawa murid go bal-balan.
Sapa sing beli weruh cerita Kyai Akyas ngelarang bal-balan, jare Kyai Akyas bal-balan iku bertentangan karo syariat lan haram hukumme. Ning endi bae ana bal-balan toli Kyai Akyas liwat apa maning sampe kerungu suarae Kyai Akyas “Mariiiiiiiii …… aja dolanan baaaaal, Bubar kabeh…. Nguntap ……!!! .” pasti bocah sing bal-balan langsung bubar, langka sing gelem ditotok karo teken e. Siji waktu malah ana siji bocah malah tenang-tenang bae beli melayu, padahal keweruan bal-balan, bocah kue langsung ampun-ampunan sawise ditotok Kiai karo teken e. Pas kue, Kyai Akyas malah nakon “endi tepakke”. Kyai Akyas niate arep ngerampas tepak sing dinggo bal-balan, Kyai Akyas nganggeppe yen bal-balan kuh nganggo tepak kaya minton.
Sejen Kyai Akyas sejen Kang Mamad (Kyai Ahmad Mansur), siji waktu kiyambekke deleng bocah pada bal-balan ning asbes, padahal pas kue adzan ashar sing mesjid wis arep peragat. Kang Mamad sing maune ngadeg bae ning teras masjid terus manjing bae ning masjid, peragat adzan bener kerungu nada suara wong nyewot sing spiker mesjid, “Bocah nguntappp, anang ana adzan kujeh masih bae bal-balan!!!”, mendadak bocah sing bal-balan ning asbes temu wis langka bae, embuh pada mendi?.
Bengian, lagi kantor MANU Putra masih ning asbes, ning gedung sing sekie jadi Gedung Guest House  (Kantor Yayasan), saban dina ana bae bocah sing bal-balan ning arep gedung kue padahal guru-guru MANU embuh sering e mbloliih sampe ngerampas bal sing dinggo. Siji dina, KH. Hasanudin Kriyani, Kepala MANU Putra waya kue, delengaken bae bocah sing bal-balan, mungkin maksude sih ngongkon bubar, tapi ya arane bocah, kadang ari durung disewoti ya durung nurut. Bocah-bocah kuh angger bae bal-balan, sampe temu-temu ana siji bocah nendang bal. Langka sing nyangka lamon bal tendangan bocah mau bakal ngarah ning Kyai Hasan, “tep” bae, bal e ditangkep ning Kyai Hasan. Bocah sing bal-balan pada melongo bae, wis mikir macem-macem. Toli apa nyeng?.  Kyai Hasan malah balangaken kuh bola ning bocah sing bal-balan, bocah-bocah mau toli malah ngelanjutaken bal-balane. Duuuh, ari bocah kuh ya??!
Sejen Kyai Hasan, sejen Kang Anas. Salah siji Putu Kyai Akyas kie mungkin nuruni sifat e Kyai Akyas sing keras lan teges. Bagen Kang Anas seneng bal-balan, tapi Kang Anas sing sering ngurus Gedung Guest House kuh beli seneng ari ana sing bal-balan ning arep Guest House . Ya gawe mledug lah, ya kadang ganggu kegiatan lah, lan alesan-alesan sejenne. Baka ana sing bal-balan ning kono, pasti bae bolae dijaluk, toli bolae digawa manjing ning Gedung Guest House terus dibalikaken maning ning bocah sing bal-balan karo kondisi wis dadi loro (tes dibelek). Barang anu ana beberapa bocah sing angel “digusah”e, soale ning kelompok bocah sing bal-balan kue, ana Gusman, anak paling cilik e KH. Hasyim Abkari. Kang Anas mungkin mikir ari dilarang bal-balan bokat dadi masalah, ari beli dilarang gan pada bae masalah. Akhire sawisse mikir suwe, siji waktu pas Gusman lanbatur-bature bal-balan, Kang Anas mareki Gusman,
“Cung pengen due bal bliter beli?” nakone Kang Anas ning Gusman
“Enggih kang, pengen pindah” jawab Gusman
“Engko, Kang Anas tukuaken bal bliter cung, tapi ana syaratte”. Jare Kang Anas e
“Enggih kang, siap, punapa kuh syaratte?” Gusman nakon
“Syaratte baka wis ditukuaken bal bliter, Gusman karo batur-batur aja bal-balan ning kene maning”. Kang Anas karo mantep pisan ngomong mengkenen.
Gusman temu manggut-manggut bae karo pesam-pesem, seneng beli kira-kira songan arep due bal bliter anyar.

Ya sawisse perjanjian asbes kue, Gusman lan batur-bature beli pernah kedeleng bal-balan ning arep Gedung Guest House maning. Dakate sih kelompok sing sejen ya masih angger sok jebal-jebol lan bal-balan ning kono. Tapi setidake Kang Anas beli usah keder kudu nyediana Bal Bliter, padu nyediana cutter (lading) gan beres.
Priben bae bal-balan ya bal-balan, dolanan sing duwe dampak positif lan dampak negatif, sing penting sing arep bal-balan kudu weruh waktu, ngati-ngati, lan aja bulit. 🙂